NASKAH
DRAMA
“NALIKA
KANCAKU MATI”
Dening :
RINA
140836
XII
KEPERAWATAN
SMK
MA’ARIF NU 2 AJIBARANG
2016/2017
NAMA PEMAIN :
- Riza Dwi putra
- Shintia Putri candra
- Air Nakhla
- Chelsea adinata
- Azzam khalif
- Ranifa putri syauqi
- Bayu panca oktaviyo
- Ibu guru
- Bapak Shintia
- Aji pangestu
Sekilas
tentang naskah drama Nalika Kancaku Mati karya Rina dkk.
Drama yang
berjudul Nalika kancaku Mati ini sebenarnya diambil dari sebagian kisah nyata
kehidupan penulis. Awalnya memang penulis kenal dengan seseorang yang bernama
Riza ketika ia duduk di bangku SMP, namun saat penulis berkenalan dengan Riza,
ternyata Riza pernah mempunyai masa lalu dengan seseorang yang bernama Shintia.
Begitupun dengan penulis yang pernah mempunyai masa lalu dengan seseorang yang
bernama Dwi putra. Seiring dengan berjalannya waktu akhirnya penulis berahabat dengan Riza. Waktu terus berlalu
dan ditengah jalan persahabatan mereka diterpa oleh sebuah badai yang sangat
tidak diinginkah yang kemudian menumbangkan persahabatan mereka. Sejak kejadian
itu, akhirnya penulis dan Riza tidak lagi bersahabat. padahal penulis sangat
ingin sekali menjelaskan apa yang sebenarnya terjadi, tapi Riza tetap tidak
percaya dan menurutnya penulis itu sudah salah.Namun penulis tidak pernah
menyesal pernah bersahabat dengan Riza dan menjadikannya sebagai motivator
diperjalanan hidupnya serta menuangkan kisahnya
menjadi sebuah naskah drama. Meskipun pada kenyataannya ending dari persahabatan mereka bukan kematian namun penulis merasa bahwasanya salah satu dari mereka ada yang meninggal karena diantara mereka tidak lagi terjalin komunikasi.
Nalika Kancaku
Mati
Nang salah
sijine sekolah ana persahabatan sing banget kentel. Nalika kuwi mlebu taun
ajaran anyar Persahabatan kuwi nggawe komitmen saingan aktif nang pelajaran lan
organisasi sekolah. Nang tengah dalan ana salah sijine sahabat sing ngrasa
dheweke di cueki amarga ana wong anyar nang persahabatan kuwi.
BABAK 1
Chelsea :
“ Duh kanca-kancaku sih padha nang ngendi yoh? Deng langka sing katon sijia. ” (nyambi ngukuri
sirah lan ndeleng ngalor ngidul)
Sewise
muter-muter ngogeleti kanca-kancane akhire Chelsea ketemu kambi kanca-kancane
nang ruang organisasi.
Chelsea :
“ hai kanca-kanca? Digoleti mbarang mau ora pada ketemu. Tengane nang kene. ” (nyambi merek
marang kanca-kancane)
Kanca-kanca : “ hai juga Chelsea. Lagian mangkate keri. ” (nyambi ndelengna
langkahe Chelsea)
Chelsea :
“ heee... biasa leh tahun ajaran baru ya esih mambu-mambu libur. Ngomomg-ngomong Nakhla nang ngendi ? ”
(raut pasuryane nyambi
takon-takon)
Kanca-kanca : (bingung)
Ranifa :
“ paling padha karo ko alesane esih mambu-mambu libur. ” ( nyambi nyengir)
Khalif :
“ heee... takon marang Riza dong. Kan.....? ” (nyambi ndelengna Riza sing lagi nglamun)
Kanca-kanca : “ cieeee-cieee Riza ” (kanca-kancane pada nyuraki Riza)
Riza :
“ apa sih lah, usah pada rese. Wis lah usah mbahas sing ora penting. Mending pada mbahas persiapan
nggo pemilihan pengurus osis bae. ” (Riza ngomonge
alon banget kaya lagi mikiri apa)
Ranifa :
“ leh tembe mlebu sekolah koh ora ngaso disit. Kon langsung gas pol mikir organisasi. ” (Ranifa nyambi ndelengna Riza sing lagi ketone lemes banget)
Chelsea :
“ wis lah za aja giri mbahas organisasi, aku gen ngerti jane ko mbok lagi ngenteni Nakhla. Makane ko
kayong ora semangat banget ” ( chelsea madan duwur nada
ngomonge)
Sewise Chelsea ngomong madan duwur
nadane marang Riza suasana nang ruang organisasi serentak langsung dadi hening.
Terus ana wong ngetok pintu lan ngucapna salam.
Nakhla :
“ Assalamu’alaikum kawan. ” ( nyambi nyengir bingung ndelengna kanca-kancane sing lagi pada meneng kabeh)
Kanca –kanca : (pada mbengong)
Riza :
“ Wa’alaikumsalam Nakhla. Deneng tembe mangkat? ” ( Riza njawabe nyambi nyengir ndelengna Nakhla sing tembe teka)
Nakhla :
“ Iya za. Miki ana masalah setitik nang gili. ”
Riza :
“ Masalah apa emange? “ ( nyambi ndelengna Nakhla sing lagi mlebu marang ruang organisasi kambi rasa penasaran)
Nakhla :
“ anuuu... miki nang gili diserempet motor. “ ( Nakhla mlaku nyambi nyekeli tangane sing bekas
di serempet motor)
Riza :
“ Innalillahi... di serempet nang ndi ? kone ora papa mbok? (Riza ndelengna nakhla lan meripate berkaca-kaca)
Kanca-kanca : “
Wa’alaikumsalam wr.wb Nakhla. “
Ranifa :
“ Ya Allah Nakhla ko kenang apa ? tangane dicekeli bae ? “
Nakhla :
“ Iya aku miki bar diserempet motor. “
Riza :
“ Hih telat takone. Kit mau ngapa bae ko...” (nada ngomonge Riza madan kasar)
Ranifa :
“ Heee... maaf leh. Kan miki lagi kefokus marang ko sing lagi nakoni Nakhla. “ (Ranifa nyambi nyengir
ngrespon jawabane Riza)
Khalif :
“ Ngomong-ngomong wis di obati durung kueh? Nek durung mending digawa marang UKS. “ (Khalif mlaku mereki nakhla)
Nakhla :
“ Durung. Miki aku ora sempet, soale mbok telat. “
Khalif :
“ iya wis. Di gawa UKS bae yuh ? ( Khalif nyambi ngulurna tangan marang Nakhla)
Chelsea :
“ Iya Nakhla, mending di gawa UKS bae yuh. Tek kancani aku wis. “
Riza :
“ Iya nganah. Di kancani chelsea kambi Ranifa ikih. “ (Riza nyambi nyekel tangane Khalif sing diulurna
marang Nakhla)
Chelsea :
“ iya sing nganterna kaum hawa bae. Kaum adam nang kene bae! ”
Khalif + Riza : “ Iya lah. “
BABAK
2
Chelsea
lan Ranifa metu sekang ruang organisasi nganter Nakhla marang ruang UKS arep
ngobati lukane.
Ranifa :
“ kepriwe critane deneng ko keserempet motor ? “ ( nyambi nyekeli Nakhla sing arep ngedeng nag bed)
Nakhla :
“ heee... Dawalah ceritane, mengko bae tek ceritanine. “ (Nakhla nyambi nyengir nahan lara amarga lukane
lagi dibersihi karo alkohol)
Chelsea :
“ Eh ngomong-ngomong piwe ko karo Riza ? ngerti ora mbok miki lagi ko durung teka Riza kuwi kaya
wong kesambet, meneng bae. “
Nakhla :
“ Apa sih lah. Mbok kur kancahan kaya ko padha lah.” (Nakhla berusaha nyakina kanca-kancane)
Ranifa :
“ Lah lombo, lewih juga ora papa. “ (Ranifa nyoba ngledeki Nakhla sing lagi nyengir-nyengir nahan
lara)
Nakhla :
“ Ora lah. Dhewek kan wis kancahan setaun lewih. Aku emoh pengin kancahane dhewek ancur gara-gara
perasaan. “
Ranifa :
“ Iya ora papa leh. Sing penting ko karo Riza kudu profesional aja nyampuradukna masah pribadi karo kancahane
dhewek. Lagian ko karo Riza cocok, padha-padha aktif
nang akademik lan organisasi. “
BABAK 3
Ana
bel moni. Kuwi tandane pelajaran enggal dimulai. Siswa-siswi mulai pada masuk
kelas termasuk Riza lan Khalif sing ana nang ruang organisasi lan Nakhla,
chelsea lan Ranifa sing ana nang ruang UKS.
Bu guru : “ Assalamu’alaikum Wr. Wb. “
Siswa : “ Wa’alikumsalam wr.wb bu guru.
“
Bu guru :
“ Anak-anak, teng taun ajaran anyar niki kaliyan angsal kanca. Namine shintia. Monggo sintia kenalan
piyambak ! “
Shintia :
“ Assalamu’alikum wr.wb. perkenalaken kula Shintia. Kula pindahan saking SMK N 1 KUTAMENDALA. Kula
pindah teng SMK KEBANGKITAN JIWA amargi bapak kula dinesipun pindah. ” (Shintia ngenalna
awake dhewek nyambi nyawang kanca-kancane sing lagi pada
lenggah)
Bu guru :
“ Shintia lenggah kalih Nakhla nggih. “ (kebeneran bangku sebelahe Nakhla kosong)
Nakhla :
“ nggih mriki mba Shintia. Kula nggih piyambakan lenggahe. “ (nyambi nahan lara Nakhla ngerasa bungah
banget amarga wis sue dheweke njagonge dewekan)
Shintia :
“ nggih kersane Ibu guru mawon “
Bubar kenalan bu guru langsung nglanjutna
pelajaran nganti istirahat. Sawise ana bel istirahat siswa-siwi langsung pada
metu sekang kelas, ana sing langsung maring kantin ana sing maring ruang
organisasi lan ana juga sing maring masjid nganggo sholat dhuha.
Riza :
“ Ayuh kanca-kanca pada maring ruang organisasi, nglanjutna pembahasan mau esuk. “ (Riza ngadeg
ndelengna kanca- kancane)
Khalif :
“ Nakhla arep nang kelas bae apa arep melu maring ruang organisasi ? ”
Nakhla :
“ Aku melu maring ruang organisasi bae lah. “ (nyambi ngajak Shintia) “ Ayu mba Shintia nderek ?
Chelsea :
“ Iya ayuh mba. Ben tambah akrab ( Chelsea mlaku mereki Shintia)
Shintia :
“ Apa ora papa mba ? “ (njawabe suarane lirih amarga esih isin)
Nakhla :
“ Iya ora papa leh mba. “ (Nakhla nyengir marang Shintia supaya yakin )
Riza :
“ Iya mba. Dari pada nganggur nang kelas.”
Shintia :
“ Oke lah. Makasih ya wis ngajaki.” (Shintia nerima tawarane lan mlaku mereki kanca-kancane)
Nakhla :
“ Sippp. Iya wis ayuh pada mangkat siki, mbok keburu mlebu maning.”
Sawise
Shintia nerima ajakan mau. Shintia lan kanca-kancane langsung pada maring ruang
organisasi lan mbahas program kerja nganggo persiapan pemilihan osis sing bakal
dilaksanakna kurang lewih 2 wulan maning.
Bayu :
“ Hai Riza, Nakhla. Piwe wis ana persiapan mbok nggo maju nyalon dadi kandidat ketua osis? “
(Bayu sing ana nang ruang organisasi njabat dadi ketua OSIS selama
rong priode takon marang Riza lan Nakhla sing bakal dadi
kandidat calon ketua OSIS)
Nakhla :
“ Alkhamdulillah mas, setitik-titik wis mulai dipersiapna. Njaluk pandongane bae mudah-mudahan OSIS bisa
tambah maju.“ (Nakhla njawab pitakonane Bayu nganti nada
semangat lan yakin)
Bayu :
“ Syukurlah. Pasti tak do’akna demi osis
sekolahe dhewek tambah maju. Aku yakin nek OSIS dicekel
ding bocah sing kaya ko padha bakal tambah maju. Amin.”
Riza :
“ Amin ya rabb mas.”
Bayu :
“ Lah ko piwe za wis ana persiapan apa durung?”
Riza :
“ Insya Allah wis ana persiapan sekitar 75% mas. Mudah- mudahan aku bisa nglanjutna programe mas
Bayu sing durung di lakukna.” (Riza njagong nang bangku
ngarepe Bayu)
Bayu :
“ Alhamdulillah nek kaya kuwe tah. Iya mudah-mudahan programe aku sing durung kelakon bisa
kelakon nek di cekel ko.” ( Bayu menyat mereki Riza Lan
nepuk pundake Riza )
Khalif :
“ Iya yoh mas . Kan Riza kambi Nakhla cocok dadi tambah jos kolaborasine. “ (Khalif ngledeki Riza
Lan Nakhla sing lagi pada mbahas persiapan karo Bayu)
Bayu :
“ Cieee Riza. Tapi khlaif bener juga, tapi pesen kang aku meskipun ko mungkin ana urusan pribadi aja
di campur karo urusan organisasi !” (Bayu lagi
nanggepi masalahe Riza lan Nakhla nyambi mlaku ninggalna ruang
organisasi) “ Iya wis. Dilanjut maning ya diskusine. Aku arep
metu disit.”
Nakhla :
“ Apa sih lah mas. Khalif tah usah dipercaya. “ (Nakhla terus nyoba nyangkal ledekane Khalif)
Nang
sela-sela diskusi Shintia nyempetna ngobrol kambi Chelsea. Shintia takon-takon
tentang hubungane Riza lan Nakhla sing sebenere.
Shintia :
“ Mba emang kandidat calon ketua OSIS sapa bae ?” (Shintia ndelengna marang arahe Chelsea kanthi rasa
penasaran)
Chelsea :
“ Sementara kie sih tembe Riza karo Nakhla. Emang piwe? “ (chelsea njawab pitakonane shintia kanthi
alon banget)
Shintia :
“ooo... ora piwe sih. Deneng kur loro tok sih ? Apa sing lain ora pada minat ?”
Chelsea :
“ Iya soale. Sing lain ora pada yakin menang nek saingan proker karo Riza lan Nakhla. Sebab Riza lan
Nakhla termasuk siswa teladan sing aktif ning akademis lan
non-akademis.” (Chelsea nyoba njelasna setitik demi stitik marang
Shintia)
Shintia :
“ ooo... Lah terus. Riza karo Nakhla pacaran apa piwe mba? “
Chelsea :
“ Sengertine aku sih ora. Cuman emang kanca-kancane sering ngledeki. Emang piwe kayong pengin ngerti
banget? Naksir yah marang Riza?” (chelsea madan curiga
marang Shintia lan ngledek)
Shintia :
“ Heee...pengin ngerti tok sih. Ora leh, kan Riza cocoke karo Nakhla.” (Shintia njawabe karo kaget
diledek ding Chelsea)
Chelsea :
“ Iya gen ora papa leh. Manusiawi mbok nek naksir wong, sing penting aja sampe nyakiti wong. “
Shintia :
“ Apa sih lah Chel. Wis lah aja dibahas maning. “
BABAK
4
Bubar ngobrol, Shintia lan Chelsea
nglanjutna melu diskusi mbahas prorker osis nganti bel istirahat rampung.
Sawise bel moni bocah-bocah sing ana nang ruang organisasi langsung pada balik
maring kelas maning lan nglanjutna pelajaran nganti balik.
Bu guru :
“ Okeh... anak-anak ibu temebe angsal info
nalika minggu ngenjang wonten lomba matematika nasional
teng UNNES. Ibu kepengin sing makili SMK KEBANGKITAN JIWA
yaiku Nakhla lan Riza.” ( Bu guru nyampekna
informasi nalika suasana kelas hening) “ Nakhla kalih
Riza siap nggih mewakili sekolah dinten kemis ngenjang ?”
Riza + Nakhla : “Insya Allah siap bu guru.”( Riza lan
Nakhla njawab pitakonan saking bu guru kanti yakin lan semangat)
Bu guru : “ Bagus.. nggih saniki lanjut pelajaran
nggih. “
Siswa : “ Nggih ibu guru. ”
Jarum
cendek wis nunjuk ning angka loro lan jarum dawa nang angka sepuluh, kuwe
tandane jam pelajaran enggal rampung lan wayahe siswa-siswi pada balik. Sawise
ana bel bocah-bocah langsung pada balik, ana sing nggawa motor lan ana uga sing
numpak angkot.
Riza :
“ Nakhla ko balik karo sapa? Bareng yuh? “
Nakhla :
“ Biasa za karo Chelsea, maaf ya. “
Chelsea :
“ Ko balik karo Riza Bae ora papa, aku ana karo Shintia ikih. “
Shintia :
“ Iya Nakhla, Chelsea karo aku ikih. “
Riza :
“ piwe Nakhla? “
Khalif :
“ Gari iya sih ngapa, ben tambah cocok.”
Nakhla :
“ Apa sih khalif. Iya lah za. ”
Akhire
Nakhla balik dianter ding Riza tekan ngumah lan Riza lanjut balik marang umahe
dhewek. Sawise butul nang umah Riza langsung bersih-bersih awak lan mangan, bar
mangan Riza langsung nglanjut gawe proker lan sinau nganggo persiapan lomb
matematika minggu ngesuk.
Selain
Riza lan Nakhla Shintia siswi ayar juga wis butul nang ngumah. Sawise butul
nang ngumah aktivitase ya meh pada karo siswa-siswi sing laine. Nang sela-sela
waktu istirahate Shintia nduwe rasa iri karo Nakhla sing aktif, pinter lan
disenengi deng wong akeh.
Shintia :
“ Deneng aku kayong ngerasa cemburu yah maring Nakhla, apa maning pas perek karo Riza. Padahal aku
tembe kenal tapiii? “ ( nang njero atine)
Bapa shintia : “ Shintia....shintia...shintiaaa. Ayo
nduk mangan diset? “
Shintia
: “ Dalem pa, iya dela meneh. “
Nang
sajeroning kesempatan mangan bareng karo bapake Shintia curhat ngenani dheweke
pengin nyalon dadi ketua osis. Tapi dheweke ora nduweni pengalaman sing cukup
nganggo modal nyalon dadi kandidat ketua osis.
Shintia :
“pak kulo gadeh keniatan nyalon ketua osis nanging kulo ngrasa mboten gadeh pengalaman lan ketrampilan
pripun saranne bapak? (mbari genduh genduh
rasa)
Bapak :
“pinurute bapak niatmu apik selagi koe bisa lan bener bener niat temenanan bakal gampang disambi nyuwun doa
marang Gusti Allah swt.”
Shintia :
“Nggih pak badhe tak coba kulo nyuwun doa restu saking bapak.”
Bapak :
“Nggih nak, Bapak berharap koe bisa kepilih nak.”
Shintia :
“ Nanging Shintia nyuwun bantuan saking bapak nggih pak? Shitia butuh dana kangge nglancaraken
kampanye.”
Bapak :
“ Kangge putri kesayangane bapak sih napa sing mboten. Nyawa nggih bapak sukaaken asalkan Shintia
bahagia.”
Shintia :
“ Maturnuwun nggih pak sampun sayang sanget kalih Shintia. Shintia sayang sanget kalih bapak.”
Bapak :
“ Nggih nak. Kinten-kinten Shintia butuh dana pinten kangge kampanye ?”
Shintia :
“ Dhuko pak, tirose pemilihan ketua osise taksih 2 sasi malih. Paling mengkin Shintia nyobi nggelet
rencang rihin kangge tim suksese Shintia. “
Bapak :
“ Okeh lah. Mengkin nek sampun butuh sanjang mawon kalih bapak nggih ! ”
Shintia :
“Nggih pak. Sekalian visi misine bapak sing damel nggih, bapak kan PNS pasti saged damel visi misi ingkang
sae. “
Bapak :
“ Nggih nak. Saniki Shinti istirahat mawon sampun ndal, nggenjang mbok kesiangan. “
Shintia :
“ Siap pak. Bapak nggih istirahat rah. “
Sawise
ngobrol karo bapake Shintia masuk marang kamar lan mbuka Laptop nganggo online
facebook. Bubar mbuka facebook Shintia ngolet akune kanca-kanca sing mau
dikenal lan mulai ngetik nang pencarian nama : Air Nakhla, Riza Dwi Putra,
Azzam Khalif, Chelsea Adinata, Ranifa putri Syauqi lan Bayu Panca Oktaviano.
Sawise nemu Shintia langsung ngeklik tambah teman lan mbukani kronologine
nganggo ngolet informasi. Bubar nggolet informasi tentang kanca-kancane,
Shintia langsung turu lan nglanjutna ankivitase nang sekolah.
BABAK 5
Pembelajaran
berjalan kaya bisane, nang ngendi Riza lan Nakhla dadi siswa sing paling aktif
lan cepet mudeng yen guru njelasna. Nalika ndelengna kegiatan kue saben dinanae
sekitar seminggu Shintia ngrasa dheweke iri marang Nakhla lan tambah bulet
niatane nganggo ngadu domba Nakhla karo Riza lan kanca-kancane.
Shintia :
“ Chel, kira-kira nek aku nyalon dadi kandidat calon ketua OSIS bisa ora yoh ?”
Chelsea :
“ Lah kone yakin ora.” Nek menurute aku tah ya bisa bae. “
Shintia :
“ Tapi aku ora kenal akeh karo warga sekolah lan aku siswa anyar sing durung bisa aweh prestasi marang
sekolah.”
Chelsea :
“ Tenang bae, tak bantu mengko. Aku siap dadi team suksese ko.”
Shintia :
“ Sing bener, bukane ko sahabate Nakhla kambi Riza ? ”
Chelsea :
“ Iya karena aku pengin supaya namane aku melu terkenal nek dolan bareng karo Riza lan Nakhla, juga
aku cemburu marang Nakhla sing selalu perek karo Riza. “
Shintia :
“Kebeneran kiyeh. Tanpa aku kudu susah payah nggolet carane, ternyata wis teka dhewek. “(nang njero
atine Shintia) “Bisane cemburu Chel ?”
Chelsea :
“ Sebenere aku wis sue naksir karo Riza, adoh sedurunge Riza kambi Nakhla perek. Tapi saiki malah....?
“
Shintia :
“ malah apa Chel ? Nek ko beneran naksir ya buktikna dong, aku bisa mbantu supaya ko bisa bareng karo
Riza tapi ko kudu dadi team suksese aku !”
Chelsea :
“Okeh.. saling mbantu lah iya.”
Shintia :
“ Yoi. Oiya aku wis due rencana awal supaya Nakhla di adohi kanca-kanca. ngesuk kan Riza kambi Nakhla
arep lomba, ngesuk kue waktu paling tepat nganggo aku
ndaftar dadi calon kandidat lan bisa nggolet anggota team
sukses.”
Chelsea :
“ Ide apik kueh. Terus kepiwe carane ?”
Shintia :
“ Carane ngesuk bae. Ko gari meluni aku. “
Chelsea :
“okeh. “
Dinten
kemis, nan ngendi Riza lan Nakhla wis mangkat lomba Matematika nasional nang
UNNES nganti dina Rebo ngarep. Suasana sekolah lan kelas dadi beda banget karo
biasane. Sekolah dihebohkan karo siswa anyar sing nyalona dadi kandidat ketua
osis.
Chelsea :
“ Mas Bayu, lagi sibuk ora? “
Bayu :
“ Ora. Piwe sih ?”
Chelsea :
“ Kancaku arep ana penting karo mas Bayu.”
Bayu :
“ Iya ngeneh.”
Shintia :
“ Hai, mas Bayu.”
Bayu :
“ Hai juga. Siswa anyar iya? deneng aku tembe tau weruh. “
Shintia :
“Iya mas. Mas kira-kira ana waktu ora kie, aku arep ngobrol. “
Bayu :
“ Ana bae lah, ngobrol apa emange? “
Shintia :
“langsung bae iya mas, aku kepengin nyalon dadi kandidat calon ketua OSIS kira-kira bisa ora ?”
Bayu :
“tentu bisa lah. Setiap siswa bisa nyalon dadi kandidat calon ketua osis kecuali kelas 12.”
Shintia :
“ Tapi aku kan siswa anyar mas, juga aku durung pernah aweh prestasi marang sekolah. “
Bayu :
“Nek masalah kaya kue mah, mengko bakal ngikuti seiring mlakune waktu de. “
Shintia :
“ Iya mas. Makasih iya wis aweh kesempatan marang aku. “
Bayu :
“ sama-sama. Oiya aja kelaen nyiapna visi misi kanggo persiapan kampanye sekitar 1 wulan maning iya.”
BABAK 6
Sawise
Shintia ngobrol karo Bayu, dheweke nglanjutna misine nganggo nggolet masa utawa
team sukses ben dheweke bisa dadi ketua OSIS lan ngalahna Nakhla karo Riza.
Nganthi dina Rebo Shinthia bisa gawe warga sekolah meh kenal karo dheweke.
Bubar balik lomba, Riza karo Nakhla ngrasa ana sing beda karo kahanan sekolah.
Khalif :
“ Kepriwe lombane Za ? “
Riza :
“ Alhamdulillah, Sekolaeh dhewek juara 3. “
Khalif :
“ Ohh ya syukur aku melu seneng, pasti ko gara – gara lombane karo Nakhla dadi juara 3 “
Riza :
“ Lah ya ora lah, ya anu dasar rezekine menang ya tetep menang bae. “
Khalif :
“ Hehehe, ya bae lah. “
Nang
pojok kelas Shintia ngrungu Riza karo Khalif ngobrol. Shinthia atie panas
banget ngrungu Nakhla lan Riza juara, nanging nang sisi liyane Sinthia ngrasa
seneng ngrungu Riza juara 3. Lan ngucapna selamat maring Riza.
Shintia :
“ Za, krungu – krungu ko juara 3, slamat ya, aku melu seneng ngrungune. “
Riza :
“ Alhamdulillah iya Sin, makasih ucapanne ya ?? “
Shintia :
“ Sama – sama Za. “ ( mbari mesem )
Bel
mlebu moni, artine kabeh siswa kudu wis ana nang kelas, amarga pembelajaran
enggal di mulai. Lan Wali Kelas mlebu nggaweh ucapan selamat marang Riza karo
Nakhla.
Bu guru ;
“ Assalamualaikum. “
Murid :
“ Waalaikumsallam, bu guru. “
Bu guru :
“ Ibu mlebet amarga pengin ngucapna selamat marang Riza karo Nakhla amarga wis juara 3 lomba
Matematika. Riza, Nakhla ibu ngucapaken matur nuwun sanget amargi
kaliyan sampun paring Sekolah kie seneng karo kaliyan, amarga
kaliyan wis juara 3 tingkat Nasional. “
Nakhla :
“ nggih bu, sami-sami. Sedaya niku mboten tebih saking do’anipun ibu kaliyan kanca-kanca sedaya.”
Teng... tong... teng....
Woro-woro kangge calon ketua OSIS anyar
seniki kempa teng ruang organisasi. Matur nuwun. Teng ... tong.... teng....
Bu guru :
“ nggih monggo Riza, Nakhla lan Shintia
kempal teng ruang organisasi.”
Shintya :
“ nggih bu.” ( karo jumeneng saking lenggahe )
Lajeng,
bocah telu kuwe metu saking kelas. Kanthi mlaku maring ruang organisasi, Nakhla
takon maring Shintia.
Nakhla :
“ Shin, apa kowe nyalon dadi ketua OSIS ?”
Shintia :
“ iya, aku pengin dadi ketua OSIS. Sebab, ning SMP aku uga pernah dadi ketua OSIS.” ( kanthi mesem
)
Nakhla :
“ Ohh, ya ya. “
Nang
njero ruang organisasi, calon ketua OSIS anyar pada maparna visi lan misi nang
ngarep anggota OSIS anyar karo anggota OSIS lawas.
Sawise pada maparna visi lan misi,
anggota OSIS ngrempug tanggal lan dinten pemilihan ketua OSIS, alhasil kurang
lewih rong minggu maning diadakna pemilihan ketua OSIS. Selajengipun, calon
ketua OSIS kaliyan anggota OSIS kuwi padha bubar lan balik maring kelase
dhewek-dhewek.
BABAK 7
Nang umahe
shintia, Shintia karo Chelsea lagi pada ngerjakna tugas. Nanging bocah loro kuwi malah
pada ngomong-ngomongna Nakhla sing ora-ora lan Shintia gawe rencana supaya
Nakhla gugur dadi calon ketua OSIS sebab dheweke ora seneng marang Nakhla
amarga Nakhla dadi pusat perhatian nang sekolah.
Shintia :
“ Chel, aku lah kepengin Nakhla ora sida dadi calon ketua OSIS. Tapi piwe yah carane ? ”
Chelsea :
“mmmm...” (lagi mikir)
Shintia :
(dheweke mesem-mesem sebab wis olih ide ) “ Oh iya Chel, aku wingi mbukaki facebooke Nakhla terus aku
weruh fotone Nakhla karo Khalif lagi njagong bareng. Aku
ndue ide kepiwe nek foto kuwi diedit terus dipasang nang mading sekolah. “
Chelsea :
“ Ide apik kueh, pasti Riza langsung kecewa marang Nakhla. Iya ora
? “
Shintia :
“ Iya sih, tapi arep diedit kaya apa coba ? “
Chelsea :
“ Kalem, serahna bae marang aku. “ (nyambi ngguyu kaya wong lagi nyimpen rahasia)
Shintia :
“ Oke aku percaya marang ko. Aja wedi mesti ana bonus ikih. “
Chelsea :
“sippp.” (kambi ngacungna jempol)
BABAK 8
Pirang
ndina sawise rencana dirempug, Chelsea aweh asil editan fotone Nakhla karo
Khalif neng wektu istirahat. Nang foto kue Nakhla karo Khalif lagi adep-adepan
lan katon Nakhla lagi nyekel pipine Khalif. Weruh editan foto kue, Shintia
ngguyu puas. Dheweke yakin rencanane mesti sukses.
Chelsea :
“kepiwe shin, apik mbok asil kerjaku?”
Shintia :
( ngacungna jempol loro maring chelsea ) “ apik banget. Kepengin njaluk bonus apa wis ?
”
Chelsea :
“ lah ora usah, kader karo sapa sih. Lagian aku juga olih untunge, dadi bisa mereki Riza. “
Shintia :
“ hahaha...oke lah “ (ngarep banget perek kambi Riza. Riza kue kur nggo aku, aku lan aku. Ngucap Shintia
nang njero ati)
Chelsea :
“ Dadi kapan foto kie arep disebar ? “
Shintia :
“ Mengko balik sekolah bae, ngenteni sekolah sepi. “
Ijig-ijig
Ranifa teka amarga ndelengna Shintia karo Chelsea lagi ngguyu-ngguyu.
Ranifa :
“ Lagi pada ngguyuni apa sih cah, kayong seru banget. “
Bocah
loro kue pada kaget lan Shintia langsung ngumpetna Foto kue nang njero sak.
Amarga Shintia maras mbok Ranifa ngerti rencanane.
Chelsea :
“eh...ehh ora ana apa-apa. Ko lagi apa sih Ran ? ”
Ranifa :
“ Anu lagi nggolet Nakhla. Ko weruh ora ? “
Shintia :
“ Ora. Emang piwe ? “
Ranifa :
“ Ora sih, anu lagi digoleti Riza. “
Chelsea :
“ ohhh... “ (Chelsea ngucap nang njero ati “ iya lah siki lagi digoleti ngesuk mesti bakal di adohi ding
Riza” )
Ranifa :
“ oh iya, makasih. Aku nggelet Nakhla disit ya. “
Chelsea : “ Iya. “
Ranifa
langsung lunga. . Nanging, Ranifa ndhuwe rasa curiga sebab sedurunge lunga,
dheweke nylinguk mburi lan weruh bocah loro kuwe lagi mesem-mesem katon bungah.
Sedurunge
Chelsea karo Shintia mlebu maring kelas, ana pengumuman yen sekolah dibubarna
lewih gasik sebab guru-guru arep ana rapat neng yayasan. Kesempatane Chelsea
karo Shintia kanggo masang foto kuwe neng mading kebukak amba. Ora let sue,
sekolah sepi lan bocah loro kuwe langsung masang foto neng mading.
Shintia :
“ haha.. aku ora sabar ngenteni dina ngesuk, Chel. Aku kepengin weruh reaksine bocah – bocah kambi guru-guru
weruh foto kie. Lan
ora let sue bakale Nakhla bakal ditokna sekang kandidat calon ketua OSIS.”
Chelsea :
“ iya bener banget, Shin. Aku juga ora sabar kepengin weruh rai kecewane Riza. Haha.”
Shintia lan Chelsea ora nunggu sue
langsung balik.
BABAK 8
Esuke, Nakhla
mangkat sekolah. Nalikane dheweke lagi mlaku maring kelas, bocah – bocah padha
ndelengna Nakhla kanthi sisnis. Lan ana uga sing lagi omong-omongan karo
ndelengna dheweke. Nakhla dadi bingung nang njero atine takon-takon apa sing
salah nang dheweke. Bareng mlaku marang arah ruang organisasi, sebelahe akeh
banget grombolan bocah-bocah sing lagi ndelengi mading salah sijine yaiku Riza.
Riza ndelengna Nakhla kanthi Rai kecewa banget, lan tanpa ngucapna apa-apa
langsung lunga ninggal Nakhla.
Nakhla :
“ permisi, ana apa sih. Deneng pada serius banget. “
Bayu :
“ Nakhla, aku kecewa karo ko. Aku kira ko calon kandidat terbaik, ko aktif nang organisasi ko juga
siswi berprestasi nanging apa. Ko malah nggawe isin nama
baik sekolah.” (Bayu ngomonge nganti rasa emosi sing ora bisa
dikendalikna)
Nakhla :
“ Maksude mas Bayu ? “ (Nakhla ora maksud apa sing diomongna dening Bayu)
Bayu :
“ Deleng kaeh mading...!!! ana apa. “
Nakhla
mlaku mereki mading, lan langsung ndeleng isi sing dimasksud dening Bayu.
Sawise dheweke weruh, Nakhla langsung kaget lan ora nyangka sapa sing wis
nyebarna fitnah kie.
Nakhla :
“ Demi Allah mas, aku ora pernah nglakukna hal kaya kue. Lagian aku karo Khalif kan batiran mas
kaya aku karo Riza. “
Bayu :
“ Batir kualitas Pacar apa. Haruse nek ko arep pacaran aja kaya kue carane. Gawe organisasi buruk tok ko.”
(Bayu meneng sedela lan nglanjutna omongane) “
Terpaksa ko tak Coret sekang daftar calon kandidat ketua OSIS.”
Nakhla :
“ Tapi mas, aku ora pernah ngelakukna hal kuwi. Demi Allah, Demi Rasulullah mas. Aku ora lombo, nek
ora percaya takon Khalif bae mas.”
Bayu :
“ Laaah, usah nggawa-nggawa Allah karo Rasulullah. Ngendi ana maling ngaku, penjara penuh kabeh mengko
nek maling pada ngaku.”
Khalif
karo Ranifa tembe teka, lan langsung merek marang grumbulan bocah-bocah sing
lagi ndeleng mading.
Khalif :
“ Hai mas Bayu, ana apa sih mas ? “
Bayu :
“ Nah kieh, teka juga ko. Deleng kaeh mading...!!! ”
Khalif :
(kaget karo nada ngomonge Bayu sing duwur) “ Astagfirllah... apa kie ? “
Bayu :
“oooo kaget yah, ketauan ulahe nang mburi-mburi sing gawe organisasi jelek. “
Khalif :
“ Sumpah mas, aku ora pernah nglakukna apa-apa karo Nakhla. Aku juga ketemu Nakhla seringe nang
sekolah, balik bareng gen ora tau. “
Bayu :
“ Ora tau apa orane aku ora ngerti. Intine ko karo Nakhla ora kena dadi pengurus OSIS.”
Khalif :
“ Tapi mas...”
Bayu
langsung lunga sekang grumbulan kuwi., lan nuju marang ruang kesiswaan arep
nglaporna ulahe Khalif karo Nakhla. Nanging bocah-bocah esih pada nang ngarep
mading.
Ranifa :
“ Nakhla, aku ora nyangka yakin ko kaya kie. Aku kecewa marang ko. Khalif ko juga, ko kuwi wis tak
anggap bagian uripe aku, tapi apa, ko malah gawe aku
kecewa.”
Nakhla :
“ Ran ko juga ora percaya kambi aku. Aku kira ko kuwi batir sing selalu ngertikna aku tapi nyatane ko juga
ora bisa percaya karo aku. Terserah ko bae lah nek ko arep ora
percaya kambi aku.” (Nakhla lunga marang arah ruang
organsasi nyambi nahan luheng mata sing arep niba)
Khalif :
(ndelengna Nakhla sing lunga) “Ran ko ora percaya karo aku sih. Dhewek kuwi batiran ora tembe wingi tapi
sekang SD. “
Ranifa :
“ aku kuwi selalu percaya kambi ko lif. Tapi maaf, siki aku ora bisa percaya karo ko. ”
Khalif :
“ Okeh, ko olih ora percaya karo aku. Tapi tulung ko percaya karo Nakhla, pasti siki bocah-bocah padha
ngadohi. Dadi tulung ko sing batir pereke aja ngadohi.”
Ranifa :
(ngrungu Khalif ngomong kaya kuwi, Ranifa tambah kecewa. Amarga Khalif sing selalu di banggakna
nyatane malah mbela Nakhla ) “ Maaf aku ora bisa. “ (Ranifa
langsung lunga nuju ruang Organisasi)
Nang
ruang organisasi kuwi lagi penuh banget ding pengurus lan calon pengurus OSIS,
termasuk Riza, Shintia lan Chelsea. Nakhla mlebu ruangan kuwi niate arep
njelasna marang kanca-kancane. Nanging pas lagi arep njelasna Riza langsung
ngomong marang Nakhla “ora perlu ana sing dijelasna”
Nakhla :
“ Assalamu’alaikum...”
Kabeh :
“ Wa’alaikumsalam...”
Shintia :
“ Eh Nakhla, ngene rah mlebu.”
Nakhla :
“ Iya Shin. Kaca-kanca sedurunge aku arep njaluk ngampura ngenani apa sing ana nang mading.
Sumpah...”
Riza :
(Nakhla durung rampung njelasna nanging Riza langsung ngomong) “ Cukup Nakhla, ora perlu ana
sing dijelasna. Apa ko ora kerungu mau mas Bayu ngendhika apa , KO
DICORET sekang daftar calon kandidat. Dadi ko siki
ora perlu njelasna apa- apa lan monggo ko ninggalna ruangan kiye !
“
Nakhla :
(Nangis amarga nelangsa krungu Riza ngomong kasar) “ Za, ora parlu ko ngulang apa sing wis diomongna mas
Bayu aku juga wis ngerti. Tapi aku kur nyoba njelasna marang
kanca-kanca kabeh, bahwasane apa sing ana nang mading kuwi
rekaan kabeh .”
Riza :
“ Lah ora usah masang rai nelangsa. Aku nyesel yaakin pernah ana perasaan karo ko, nyatane aku ditipu
ding rai lan tingkah lakune ko sing palsu.”
Nakhla :
“ Aku ora pernah ngongkon ko kon ana perasaan kambi aku, aku ora pernah ngongkon ko kon kagum kambi
perilakune aku. Dadi tulung Za ko aja nggawa-nggawa
masalah pribadi marang masalah kiye.” (nakhla mlayu metu
sekang ruang organisasi lan nabrak Bayu)
Bayu
teka marang ruang organisasi kambi nggawa informasi anyar tentang pemilihan
ketua OSIS.
Bayu :
“ sugeng enjing, pripun kabare sedaya ?”
Kabeh :
“ Enjang mas. Alhamdulillah sae mas.”
Bayu :
“ syukurlah. Oh iya, berhubung miki dhewek dihebohna kabar sing ora enang ngenani calon kandidat sing
saiki wis gugur. Miki aku langsung nemuni Bu Rahma selaku
Kesiswaan jarene pemilihan ketua OSIS diadakna minggu
ngesuk tepate dina selasa. “
Chelsea :
“ Okeh mas, lah terus kampanye arap diadakna kapan mas ? “
Bayu :
“ Dina Sabtu. Mengko dina senen dina bebas kampanye. “
Shintia :
“ Siap mas. “
BABAK 9
Sawise
kumpul kabeh bocah pada balik marang kelase dhewek-dhewk. Semenjak kejadian
kuwi Nakhla dadi diadohi kanca-kancane lan dadi siswa sing cenderung pasif.
Nanging ning salah sijineng dina pas balik sekolah Nakhla numbuki Shintia lagi
ngobrol bareng Karo Riza nang taman sekolah
Riza :
“ ana apa Shin, deneng ngajak ketemuan nang kene ?”
Shintia :
“ Aku bingung Za, arep mulai ngomong sekang ngendi. “
Riza :
“ Iya gari ngomong bae Shin ora papa ikih. “
Shintia :
“ Za, ngampura sedurunge ya. Pas aku pertama mlebu sekolah kiye aku ketemu ko, aku ngrasa ana sing
beda ning awake ko. Aku ngerasa nyaman, seneng nekan ning
pereke ko lan intine aku naksir ko lah za.”
Riza :
“ Iya shin, aku ngregani perasaane ko maring aku. Aku wis nganggep ko kaya adhiku dhwek. Tapi
ngampura aku ora bisa mbales perasaane ko maring aku amarga aku
uga naksir marang wong liya.”
Shintia :
(nyengir kanthi mbendung rasa kecewa marang Riza) “ Iya za, perasaan kan ora bisa dipaksakna kudu maring
sapa-sapane. Tapi seorane aku wis jujur marang ko.
“
Riza :
“ Matur nuwun Shin wis ngertikna aku. “
Shintia :
“ Iya Za, sama-sama. Oh iya, apa wong liyane aku kenal ? “
Riza :
“ mmm...Wis lah mending pada balik bae yuh mbok udan wis sore. “
Shintia : “ Iya ayuh.”
Pas
ngrungu apa sing diomongna Shintia marang Riza, atine Nakhla rasane remuk
jujuk. Tapi madan pelong pas Riza ngomong ana wong liya sing wis ditaksir ding
dheweke.
BABAK 10
Bocah
loro kuwi padha balik marang arahe dhewek-dhewek. Pas kuwi Shintia Ketemu kambi batir lawase nang angkot lan curhat kahanan apa sing bar dilakoni.
Aji :
“ Hai, shin. Koe sekolah nang kene sih ? “
Shintia :
“ Ehhh Aji, iya siki aku sekolah nang kene. Koe piwe kabare ? “
Aji :
“ Alhamdulillah apik. Lah ko piwe Shin, apik mbok ? “
Shintia :
“ Syukurlah. Ngomong apik lagi ora apik, ngomong ora apik katone apik. “
Aji :
“ Maksude ko Shin ? “
Shintia :
“ Mmmm... pada maring taman bae yuh. Mengko tak ceritani. “
Aji :
“ Ayuh. “ (Aji ngomong marang pak supir medun nang taman kota) “ Pak, tamkot kiri ! “
Bocah
loro kuwi butul nang tamkot lan langsung nggelet tempat sing pas nganggo cerita
masalahe Shintia. Nang kono Shintia cerita kahanane dheweke sing bar ditolak
dening Riza mbari ngetokna uluh mata marang Aji. Nanging nang tamkot ana Ranifa
sing lagi tumbas cilung lan Ranifa ora sengaja weruh Shintia sing lagi ngobrol
kambi bocah lanang.
Aji :
“ Ko arep cerita apa Shin ? “
Shintia :
“ Ji, aku kan seneng karo bocah,. Lah miki aku tes ngungkapna marang bocahe. Bocah kue jenenge Riza,
sing lagep nyalon dadi ketua OSIS. Segala usaha wis aku lakukna,
mulai aku melu nyalon dadi ketua OSIS supaya aku bisa
perek karo Riza nganti gawe
dheweke adoh karo bocah sing
disenengi nanging Riza tetep bae ora bisa seneng maring aku.”
Aji :
“ Bocahe kaya apa sih Shin ? deneng ko nganti mbela-mbelani nglakukna kaya kue. “
Shintia :
(Shintia njukut hp nang tas lan nidokna fotone Riza marang Aji)
“ Kiye ji bocahe, ko pernah weruh ora ? “
Aji : (dadi bocah kiye sing disenengi Shintia
nganti gelem nglakukna hal-hal ora apik ucape Aji nang njero ati)
Shintia :
(nepuk pundake aji) “ piwe ji ? “
Aji :
(kaget) “ehhh...ora, aku ora pernah weruh Shin. “
Shintia :
“ Ohhh kirain. “
Aji :
“Shin, aku nduwe rencana marang Riza. Ko kan ora bisa bareng karo Riza, berarti bocah liya uga ora kena
bareng karo Riza. “
Shintia :
“ Maksude ko ? “
Aji : “ Maksude aku, Riza dimusnahna bae
“ (nada ngomonge Aji dhuwur amarga dheweke emosi Shintia naksir
marang wong liya. Padahal Aji wis seneng karo Shintia
kawit SMP)
Shintia :
(kaget lan pasrah amarga dheweke wis di penuhi ding rasa emosi) “Carane piwe Ji ? “
Aji :” Ko kudu bisa ngongkon Riza supaya
ngesuk ora nggawa motor lan kowe kudu bisa nyegah Riza supaya
balike keri dhewek. “
Shintia :
“ Oke siap. “
Nang
ngarep bakul cilung Ranifa lagi ngadeg ngrungokna apa sing lagi direncanakna
dening Shintia karo batire tanpa disadari dening bocah loro kuwe.
Shintia
mbuka Hp arep ngetik sms marang Riza
supaya dheweke ngesuk ora nggawa motor lan Riza mbalesi Iya. Nang sisi liya
Ranifa uga sms marang Nakhla, ngajak ketemuan lan ngomongna apa bae sing wis
dilakukna karo apa sing arep dilakukna Shintia marang Riza.
BABAK 11
Pas
bel istirahat kapisan Nakhla mereki Riza sing lagi maca buku nang perpustakaan,
dheweke arep njelasna masalah foto
marang Riza.
Nakhla :
“ za, aku arep ngomong karo ko. “
Riza :
(meneng bae, ora njawab pitakonane Nakhla. Dheweke malah asik maca buku)
Nakhla :
“ Bodoa ko za, arep percaya karo aku apa
ora. Intine aku arep ngomong maring ko mengko balike ati-ati.” (Nakhla
langsung lunga)
Riza :
(kaget. Nang njero atine Riza gumun bisane Nakhla ngomong kaya kuwe)
Bel
balik sekolah moni, kabeh siswa pdha metu balik marang ngumahe dhewek-dhewek.
Kecuali Nakhla sing mampir marang masjid sekolah nganggo sholat Ashar.
Banjur
kuwe ora sengaja papagan karo Riza nang masjid, tapi Riza ora weruh nekan
Nakhla nang njero. Sawise sholat Nakhla weruh Riza lagi mlaku arah balik,
Nakhla ngetuti Riza balik, dheweke nduwe firasat ora apik, banjur weruh
Shintia.
Shintia :
“ Za, maring ngene kiyeh. Aku arep ngomong.” (mbari ngawe- ngawe marang Riza)
Banjur
kuwe Riza mereki Shintia sing ana nang seberang dalan, pas nyebrang dalan ana
motor sing mlayune gencang banget. Motor kue prentahane Aji, kancane
Shintia nganggo nyilakakna Riza. Nakhla
weruh langsung mlaku ngudag Riza.
Nakhla :
“ Rizaaaa.... AWASSS !!! “ (mlayu mbari ndorong awake Riza)
GUBRAKKKKK!!!!!
Awake Nakhla mental sekitar 50 meter lan metu getih sekang sirahe Nakhla.
Sawise kuwe Riza menyat mlayu ngudag
Nakhla nyambi nangis amarga weruh awake Nakhla kebek dening getih. Riza
mangku sirahe Nakhla nang pupune lan Nakhla ngomong “ Riza aku njaluk ngampura”. Nakhla nutup mripat kanggo selawase.
Sawise Nakhla ninggal Ranifa
nyritakna kabehan tentang apa sing dilakukna dening Shintia sesue kiye marang
Riza. Mulai waktu kuwe Riza dadi kecewa marang Shintia lan ora gelem batiran
maning karo Shintia.
***TAMAT***
sekian naskah drama sederhana dari saya. salam buat para pemain dari Nakhla (penulis)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar